Parikan yaiku unen-unen kang nganggo wewathon :
a) Kedadiyan saka 2 ukara
b) Saben saukara kedadiyan saka 2 gatra
c) Nggunakake purwakhanti guru swara
d) Ukara kapisan minangka pembuka
e) Ukara kapindho minangka isi (surasa)
Mithurut cacahing wandane parikan keperang dadi 5 yaiku :
1. Sing kedadiyan saka (4 wanda + 4 wanda)
2 Tuladha :
Abang-abang ora legi
Tiwas nyawang ora dadi
2. Sing kedadeyan saka (4 wanda + 8 wanda)
2 Tuladha :
Kembang aren, semebar tepining kalen
Aja dahwen yen kowe kepingin kajen
3. Sing kedadeyan saka (7 wanda + 7wanda)
2 Tuladha :
Kolang-kaling who aren, godhong kacang lembayung
Orah eling dek biyen, runtang runtung rut lurung
4. Sing kedadeyan saka (8 wanda + 8 wanda)
2 Tuladha :
Kolang-kaling pakan ula, sadhompol isine telu
Eling-eling dadi siswa, wengine sregep sinau
5. Sing kedadeyan saka (8 wanda + 8 wanda)
Tuladha :
Kutha Yogya dalane rame, Malyoboro tengah prenahe
Aku gela amarga kowe, angger janji arang nyatane